Halaman

Tampilkan postingan dengan label Instrumen Gamelan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Instrumen Gamelan. Tampilkan semua postingan

Senin, 09 Desember 2013

Instrumen Gamelan 6



GENDER

Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.

Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku:
1. gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé,
2. gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.
3. gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.

Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku:
- Tabuhan gendèr gembyang mbukak
- Tabuhan gendèr gembyang nutup
- Tabuhan gendèr gembyang minggah
- Tabuhan gendèr gembyang mandha
- Tabuhan gendèr kempyung mbukak
- Tabuhan gendèr kempyung nutup
- Tabuhan gendèr kempyung minggah
- Tabuhan gendèr kempyung mandhap
- Tabuhan gendèr gantungan gembyang
- Tabuhan gendèr gantungan kempyung
- Tabuhan gendèr mipil
- Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)

Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku:
- Tabuhan gendèr pathetan
- Tabuhan gendèr ada-ada
- Tabuhan gendèr grambyangan

Gender Penerus

Gender Panerus utawi Gender Penerus inggih menika salah satunggalipun piranti musik Jawa. Piranti menika kalebet jinis Gendèr. Gender Panerus menika titi larasipun langkung alit malih, tinimbang Gender Barung, saged dipunamani langkung methit malih. Methit tegesipun larasipun langkung inggil. Gender Panerus nggadhahi wilahan sami kaliyan Gender Barung, nanging titi larasipun ingkang alit methit, ungelipun cumengkling. Piranti tabuhipun wonten kalih, kaasta kanthi asta kalih. Sami kaliyan namanipun, gender panerus nggadhahi jejibahan namung nerasaken kemawon. Malah kepara saged dipunnamani namung ngetutaken utawi ndherek / nginthil dhateng lakunipun gender barung. Gender panerus nggadhahi ukuran ingkang alit, oktafipun tengah ngantos inggil. Sanajan piranti musik menika boten kedah wonten ing ansambel, wontenipun piranti gender panerus saged nambahi kasugihanipun gamelan.
Gender panerus kadamel sami kaliyan gender barung. Dados upaminipun saplagren (sedaya gamelan jangkep), upaminipun gender barungipun kadamel saking perunggu utawa gangsa, prayoginipun gender panerusipun ugi bahanipun saking perunggu utawi gangsa. Gender panerus umumipun kadamel saking wesi utawi tosan, kuningan, perunggu, lan gangsa. Gender panerus menika arang sanget dipunginakaken ing kalanganipun paguyuban karawitan, awit pigunanipun boten patia dipunbetahaken sanget, benten kaliyan gender barung utawi gender babon. Menawi kita prangguli ing pagelaran wayang kulit utawi uyon-uyon, arang sanget kita prangguli wontenipun Gender Panerus menika.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/

Instrumen Gamelan 5



KENDHANG

Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.

Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)
1. Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
2. Kendhang wayangan
3. Kendhang batangan utawa ciblon
4. Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur

Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.

Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
- Dlong: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
- Dhah: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
- Thung: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
- Ket: swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
- Tong: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
- Tak: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
- Deng: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.

Notasi swara kendhang sing umum dienggo yaiku:
- Swara dlong diwakili simbol D
- Swara dhah diwakili simbol b
- Swara thung diwakili simbol p
- Swara ket diwakili simbol k
- Swara tong diwakili simbol o
- Swara tak diwakili simbol t
- Swara deng diwakili simbol B

1. Kendhang Gedhing
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane (kadhang disebut kendhang gedhe) ning tetep luwih cilik dibanding bedhug. Kendhang gendhing iki nduwe nada swara sing cendhak dhewe dibanding jinis kendhang liyane.
Neng kendhang satunggal, kendhang ageng iki ditabuh dhewe'an, yen neng kendhang kalih ditabuh bareng karo kendhang ketipung lan nganggo tempo cepet.
Swara kendhang ageng pada karo swara kendhang umume yaiku: dlong, dhah, thung, ket, tong lan tak. Masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.

2. Kendhang Wayangan
Kendhang wayangan utawa kendhang sabet iku kendhang sing nduwe ukuran sedeng, luwih cilik sithik dibanding kendang ageng ning luwih gede sithik dibanding ciblon lan uga nduwe nada swara luwih dhuwur dibanding kendhang ageng.
Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang
Swara kendhang wayangan pada karo swara kendhang umume lan masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.

3. Kendhang Batangan
Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedeng, luwih cilik sithik dibanding kendang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibanding kendhang ageng. Kendhang iki uga umum disebut ciblon.
Ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tarian.
Swara kendhang batangan pada karo swara kendhang umume lan masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.

4. Kendhang Ketipung
Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang sing cilik dhewe lan nduwe nada swara paling dhuwur dibanding kendhang liyane.
Kendhang iki biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
Swara ketipung iki pada karo swara kendhang umume lan masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/

Instrumen Gamelan 4

KEMPUL DAN KENONG

1. Kempul
Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.
Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.

2. Kenong
Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/

Instrumen Gamelan 3



GONG
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong.Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.

1. Gong ageng
Gong ageng iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan sing paling gedhe ukurane, diametere antara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng uga gong suwuk iku biasane diso'ake/digantung ing bagian mburi.
Wujud gong ageng padha karo gong umume yaiku bunder. Sing beda ukuran gong ageng iki paling gedhe, permukaane rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Ing gambar, gong ageng iku sing warnane radha ireng.
Gong ageng iki nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane uga sing paling jarang ditabuh ning sing paling penting.
Gong ageng ditabuh kanggo tandha akhir babagan musik sing umum diarani gongan.

2. Gong suwuk
Gong Suwuk utawa siyem iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sakwise gong ageng, diametere antara 50 nganti 60 cm. Gong suwuk iku biasane diso'ake/digantung ing bagian mburi bareng karo gong ageng.
Wujud gong suwuk iki padha persis karo gong ageng ning luwih cilik. Ing gambar, gong ageng iku sing warnane luwih cetha/kuning.
Gong ageng iki nduwe nada luwih dhuwur dibanding gong ageng.
Gong suwuk ditabuh kanggo tandha akhir babagan musik sedurung gong ageng ditabuh.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/

Instrumen Gamelan 2



BONANG

Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.

Ana 2 jinis bonang yaiku:
1. Bonang barung
2. Bonang panerus

Ing jinis gamelan tinentu uga ana bonang panembung.
Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana sing 12.
Kethuk, kempyang, kenong lan bonang iki sejatine termasuk jinis gong ning gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.

1. Bonang Barung
Bonang Barung iku salah siji jenis bonang ing perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang barung iku uga didokok langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisoré.

Ana 2 jinis bonang barung yaiku:
1. pélog
2. sléndro

Wujud bonang barung iki padha karo bonang liyané, ana jendholan ing tengahé, ukurané luwih gedhé tinimbang bonang panerus. Tabuh bonang barung padha karo tabuh bonang liyané, nanging ukurané luwih gedhé tinimbang tabuhé bonang panerus.

2. Bonang Penerus
Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.
Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo Bonang barung, yaiku nganggo cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang, lan liya-liyane. Bonang iki nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alur Gendhing kang digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet tinimbang Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo mbukani gendhing.
Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/