Halaman

Tampilkan postingan dengan label Sinopsis Wayang. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Sinopsis Wayang. Tampilkan semua postingan

Kamis, 12 Desember 2013

Wahyu Purbakayun



Sinopsis Wayang
Lakon              : Wahyu Purbakayun
Dalang             : KI Anom Suroto dan KI Bayu Aji Pamungkas


Ing cariyosan Gareng, Petruk kaliyan Bagong sowan dateng bapa Semar. Sampunipun, Petruk nyuwun pirsa dateng bapa Semar  kados pundi piyambakipun saged dados pamong ingkang saged damel dadosaken rakyatipun sejahtera lan makmur. Dados pamong ingkang sae bapa Semar wonten kuncinipun, yaiku kudu remen sesrawungan kaliyan sinten kemawon, saged bangun kekuatan, kerukunan, lan ugi remen marang sarasehan utawa musyawarah kangge ngawujudaken mupakat. Sanesipun menika Semar ugi dawuh menawa Bathara Guru sampun nindakake bab ingkang kirang leres, kudu dielingaken kaliyan dileresaken yaiku babagan Wahyu Purba Kayun ingkang diparingaken dateng tiyang ingkang kirang pantes. Wahyu menika menawa sampun diparingaken dateng tiyang samestinipun saged dados setunggal wonten badan, ananging menawa wahyu menika salah anggene malah saged damel kerisakan.

Semar ngundang Hanoman menawa babagan menika kudu leresaken supados ngancani piyambakipun ngadep Bathara Guru wonten ing kahyangan Suralaya. Hanoman dipilih amarga Hanoman nggadahi wulu ingkang putih ingkang perlambangipun kesucian kaliyan saged nyumerepi laku ingkang jujur. Papan sanesipun Bathari Durga ngendika marang putranipun menawa dipunparingi Wahyu Purba Kayun saking Bathara Guru, satunggalipun putranipun menika Dewa Srani. Wahyu menika saged damel Dewa Srani nguwasani jagad uga ngalahaken Raden Janaka.

Cariyosipun, Bathara Guru ngakoni menawa Wahyu Purba Kayun menika dipunparingaken dateng Raden Janaka ananging dipunparingaken dateng Dewa Srani. Bathara Guru nindakaken mekaten amarga Dewi Srani kala rumiyin dereng dipunparingi wahyu, mula adhedhasar keadilan Dewi Srani dipunparingi Wahyu Purba Kayun dening Bathara Guru. Nanging miturut Semar Dewi Srani dipunparingi Wahyu Purba Kayun menika sanget lepat. Wahyu menika samestine manggen wonten badan utawa tiyang kang leres, dados saged nyatu kaliyan tiyang ingkang dipunparingi. Supaya saged dadosaken kesejahteraan dateng badanipun piyambak kaliyan rakyatipun. Mangertosi mekaten, Bathara Guru nyuwun pangapunten lajeng Wahyu Purba Kayun menika dipundhut saking Dewa Srani lan diwangsulaken dateng Raden Janaka ingkang sepantesipun. Bathara Guru disot dados Bathara Kala ingkang sejatosipun inggih menika garwanipun Bathari Durga.

Gathutkaca Lair



Gathutkaca Lair


Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.
Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden  Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara.
Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.
Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.

Prabu Partawijaya



Prabu Partawijaya
 
Narendra ing negara Trabelasuket ajejuluk Prabu Partawijaya. Bagus rupane karengga ing busana, tur digdaya sekti mandra guna jayeng ngalaga, kinasihan ing Bathara. Prabu Partawijaya beda kalawan ratu sabrang liyane, awit tansah nengenake kautaman mahambeg berbudibawa laksana, tegese remen ngganjar marang kawulane, tansah netepi panggandikane. Mula ora jeneng mokal Sang Prabu Partawijaya diparinggi jodho putri turasing Dewi ingkang akekasih sang Padniwara Dewi Rati.
Sang prabu Patrawijaya nggone palakrami lan Sang Padniwara Dewi Ratih tansah katon rukun reruntungan, sepisan kewala tan natekarenggon dening ingkang rana Nata. Jroning  sawarsa kewala wus kagungan putra. Sang Prabu Partawijaya asring nganakake sesaji bebarengan lawan para Pandhita lan para Brahmana, arupa asil wulu wetuning negara konjuk ing ngarsa Bathara, sarta paring boga busana marang para kawulane, mahanani saya sengkut pangidhe pe  marang ratu gustine.
Pinuju marang sanggar pamujaan, katilik ana ganda arum wangi sarta ana sasmitaning Bathara. Negara Trebelasuket bakal derbe kamulyan gedhe, nurunake darah ratu tanah Jawa. Kalamun Prabu Partawijaya kersa maguru marang Pandhita ing Saptaarga kang bebisik sang begawan Sekutrem. Mudhar anggone semedi, nanging tan karsa paring pirsa marang garwa putra, apa dene para nayaka. Kaselak  putri sekar kedhaton Dewi Sati monthah, nyuwun supaya pasupenane dadi kasunyatan. Ketang tresnane mring siwi, sigra miyos ing panti, santun busana keprajuritan arsa ngupadi Bambang Sakri Apratignya tan kersa wangsul mring praja kalamun tan pinanggya. Kang ingupaya. Mula banjur angetap angetap angetap angetap busanane, jejamange, matak Sampar Mega.