Halaman

Tampilkan postingan dengan label Gurit. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Gurit. Tampilkan semua postingan

Kamis, 12 Desember 2013

Bapa lan Ibu


Bapa lan Ibu


Panjenengan dados papan kangge mirengaken crita kula

Panjenengan ngajari kula urip

Samenika kula sampun ngertos menapa ikgkang dipunasmani katresnan

Ingkang boten natih balasan saking kula



Panjenengan pahlawan atiku

Ingkang wenehi katah nasihat

Kerja siyang nganti wengi kangge aku

Ingkang boten natih matur nuwun



Oh.. bapa lan ibu kula nyuwun hampura

Kula janji badhe damel panjenengan seneng

Lan kula janji badhe tresnani panjenengan

Lan ugi mesti wonten kangge panjenengan


Kekancan



Kekancan




aku milih kowe ora perlu taunan
namung samenit

ning ruangan cilik iki, aku karo kowe salaman
awit kuwi aku ngerti,
aku salaman karo calon wong gedhe,

aku percaya, merga ucapanmu kuwi
aku percaya, merga tumindhakmu kuwi
aku percaya, merga aku percaya

kowe panutan kanggo aku
kowe inspirasi kanggo aku,

merga kowe luwih saka kanca,
merga kowe wis aku anggep kulawarga
merga kowe kekancanku

Kagem Ibu



Kagem Ibu

Gurit ingkang kula damel menika
Mugi-mugi panjenengan seneng
Merga, kaliyan menika
kula kintun satunggal ewu kupu-kupu menyang omah panjenengan

Kabehe saking atiku
Separo warnane jingga lan gawa tresna
Separo warnane ungu lan gawa rindu
Separo maneh ora duwe warna,

Lan kabehe arep ngomong
Sugeng ambal warsa bu,
Ingkang ngutus kula menika
Tresna sanget kaliyan panjenengan