Halaman

Tampilkan postingan dengan label Esay. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Esay. Tampilkan semua postingan

Kamis, 12 Desember 2013

Sinau saka Watake Semar



Sinau saka Watake Semar


Sapa sing ora ngerti Semar? Kabeh mesthi padha ngerti.  Semar utawa Nayantaka utawa Ismaya utawa Badranaya Janggan Asmarasanto utawa Juru Dyah Punto Prasanto iku anggotane punakawan (Semar, Petruk, Gareng, lan Bagong).
Semar sejatine dewa sing mudhun saka kahyangan amarga keserakahane dhewe. Biyen Semar lan Togog rebutan tahta kahyangan banjur nganakake lomba mangan gunung. Togog ngelen langsung gunung kuwi. Kasile, cangkeme Togog suwek lan matane dadi amba. Yen Semar mangan gunung kuwi sithik-sithik, nanging tetep ora kasil. Gunung kuwi ora bisa dimetokake saka weteng lan kasile wetenge Semar dadi gedhe. Sanghyang Tunggal jengkel amarga ngerti keserakahane anake. Banjur Semar lan Togog disot dadi manungsa lan dimetokake saka kahyangan.
Awit mudhun saka kahyangan, ora banjur Semar nutugake keserakahane. Dheweke malah bisa ngrubah watake sing ala dadi becik. Ing bumi, dheweke dadi wong cilik sing duweni watak adil, wicaksana, seneng wenehi pitutur, apik karo sapa wae, lan mbela kebecikan.
setelah turun dari kayangan, semar tidak mengeluarkan sifat serakah yang dimilikinya. Semar malah bisa merubah sikapnya yang buruk menjadi baik. Di bumi, semar memiliki perawakan kecil dan berwatak adil, bijaksana, suka memberikan nasihat, baik erhadap siapapun, dan selalu membela kebaikan.
Semar wani karo sapa wae sanajan karo sing pangkate luwih dhuwur, tengger dhewee bener. Misale kaya ing salah sawiji lakon pewayangan, lakon Wahyu Purbakayun. Ing lakon iku Bethara Guru, panguwasa kahyangan nggawe kesalahan. Bethara Guru wenehake wahyu purbakayun kanggo anake dhewe sing sejatine duwe watak ala. Semar ngerti babagan kuwi, banjur Semar jengkel lan ngesot Bethara Guru. Bethara Guru ngrasa salah banjur njaluk ngampura marang Semar.
Ing crita pewayangan, Semar dadi pamomonge para kesatria yen Togog dadi pamomonge para raksasa. Para kesatria sing diemong dening Semar mesthi bisa ngalahake para raksasa sing diemong Togog. Para ksatria iku simbole para pemimpin lan Semar dadi simbole rakyat cilik. Dadi, yen para pemimpin utawa panguwasa gelem ngrungokake omongane rakyat cilik utawa aspirasine rakyat cilik, negara sing dipimpin pasti dadi negara sing maju lan sejahtera.
Wis samesthine para pemimpin ing Indonesia gelem ngrungokake apa sing dikarepake rakyat cilik. Yen dadi pemimpin aja serakah, aja mung nganggo egone dhewe-dhewe. Bethara Guru uga gelem ngakoni kesalahane koq.
Pamarentah lan rakyat cilik kudu bisa kerja sama. Pamarentah kudu ngayomi rakyat cilik lan rakyat cilik uga kudu manut karo peraturane pamarentah. Kuwi sing dikarepake saka gambarane tokoh pewayangan Semar. Apa Indonesia bisa kaya iku? Yen Indonesia tetep kaya ngene, akeh pejabat sing korupsi, pamarentah ora gelem ngileng wong cilik,  wong cilik ora gelem manut karo peraturan perundang-undangan sing digawe pamarentah kayata nglakokake tindakan kriminal, nganthi kapan wae Indonesia ora bakal maju.

Jumat, 06 Desember 2013

Tembang Dhaerah kang Tinggal Kenangan

Tembang Dhaerah kang Tinggal Kenangan

Bangsa Indonesia iki bangsa gedhe kang duwe werna-wernane suku, saka Sabang nganti Merauke. Saben daerah ing Indonesia duweni tradhisi kabudayan lan seni warisan saka para leluhure dhewe. Salah siji warisan kabudayane yaiku tembang dhaerah. Tembang-tembang dhaerah kuwi mujudake ciri kapribaden saka dhaerahe dhewe-dhewe. Ananging pranyatane saiki tembang dhaerah kuwi kaya wis mung ninggalake tapak tilas. Kena apa kok isa diomong kaya mangkana?
Jaman kuwi isa owah manut lakuning jaman, mula saiki lagi jamane tembang-tembang modern kang lagi pada disenengi. Bocah-bocah saiki uga kurang nyinaoni babagan tembang-tembang dhaerah. Sanadyan namung tembang, nanging tembang dhaerah kuwi uga kalebu warisan kabudayan saka leluhure dhewe.  Kahanan jaman saiki wis miris, bocah-bocah cilik sing dingerteni lan diapal dudu tembang-tembang sing isa kanggo pasinaon, nanging malah sing diapal kuwi tembang-tembang modern kang durung wayahe bocah-bocah kuwi mau entuk. Bocah-bocah mau iku generasine dhewe, apa dadine yen bocah-bocah iki ora duwe rasa seneng marang tembang-tembang dhaerahe dhewe. Bocah-bocah ora pada ngerti yen ing Indonesia duweni akeh banget tembang-tembang dhaerah. Masyarakat uga pada ninggalake tembang-tembang dhaerah amarga menawane dheweke diluruhi dadi wong sing ketinggalan jaman, ora ngerti kahanan jaman kang lagi modern. Tembang-tembang modern durung mesthi duweni nile-nile sing becik kanggo lakuning urip. Beda karo tembang dhaerah kang duweni nile pekerti luhur sing bisa dilakokake ana ing urip.   

Kurange pasinaon marang warisan-warisan budaya iki ndadekake tembang-tembang dhaerah mung dadi kenangan. Mula ta, ora gumun yen tembang dhaerah kang asli saka Indonesia ana sing diakoni olehe bangsa liya, ya kuwi mergane dhewe kurang pasinaon marang apa wae warisan sing dhewe duwe. Mengko yen tembange ana sing diakoni, dhewe nembe pada geger yen kuwi duweke dhewe. Mula wiwit saiki, bocah-bocah awit isih cilik disinaoni tembang-tembang dhaerah kanggo nguri-uri tembang-tembang dhaerah mau.