Halaman

Senin, 09 Desember 2013

Instrumen Gamelan 3



GONG
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong.Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.

1. Gong ageng
Gong ageng iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan sing paling gedhe ukurane, diametere antara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng uga gong suwuk iku biasane diso'ake/digantung ing bagian mburi.
Wujud gong ageng padha karo gong umume yaiku bunder. Sing beda ukuran gong ageng iki paling gedhe, permukaane rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Ing gambar, gong ageng iku sing warnane radha ireng.
Gong ageng iki nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane uga sing paling jarang ditabuh ning sing paling penting.
Gong ageng ditabuh kanggo tandha akhir babagan musik sing umum diarani gongan.

2. Gong suwuk
Gong Suwuk utawa siyem iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sakwise gong ageng, diametere antara 50 nganti 60 cm. Gong suwuk iku biasane diso'ake/digantung ing bagian mburi bareng karo gong ageng.
Wujud gong suwuk iki padha persis karo gong ageng ning luwih cilik. Ing gambar, gong ageng iku sing warnane luwih cetha/kuning.
Gong ageng iki nduwe nada luwih dhuwur dibanding gong ageng.
Gong suwuk ditabuh kanggo tandha akhir babagan musik sedurung gong ageng ditabuh.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar