GENDER

Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing
gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa
ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung
nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu
kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung,
kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran
manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok
sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa
bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih
cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh
nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing
cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji
tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa
ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi
crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku
salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr
ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan
gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran
wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora
tau mandheg sawengi muput.
Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku:
1. gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé,
2. gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing
ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr
penerus.
3. gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi
nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.
Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan,
yaiku:
- Tabuhan gendèr gembyang mbukak
- Tabuhan gendèr gembyang nutup
- Tabuhan gendèr gembyang minggah
- Tabuhan gendèr gembyang mandha
- Tabuhan gendèr kempyung mbukak
- Tabuhan gendèr kempyung nutup
- Tabuhan gendèr kempyung minggah
- Tabuhan gendèr kempyung mandhap
- Tabuhan gendèr gantungan gembyang
- Tabuhan gendèr gantungan kempyung
- Tabuhan gendèr mipil
- Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)
Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo
ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku:
- Tabuhan gendèr pathetan
- Tabuhan gendèr ada-ada
- Tabuhan gendèr grambyangan
Gender Penerus
Gender Panerus utawi Gender Penerus inggih menika salah satunggalipun
piranti musik Jawa. Piranti menika kalebet jinis Gendèr. Gender Panerus menika
titi larasipun langkung alit malih, tinimbang Gender Barung, saged dipunamani
langkung methit malih. Methit tegesipun larasipun langkung inggil. Gender
Panerus nggadhahi wilahan sami kaliyan Gender Barung, nanging titi larasipun
ingkang alit methit, ungelipun cumengkling. Piranti tabuhipun wonten kalih,
kaasta kanthi asta kalih. Sami kaliyan namanipun, gender panerus nggadhahi
jejibahan namung nerasaken kemawon. Malah kepara saged dipunnamani namung
ngetutaken utawi ndherek / nginthil dhateng lakunipun gender barung. Gender
panerus nggadhahi ukuran ingkang alit, oktafipun tengah ngantos inggil. Sanajan
piranti musik menika boten kedah wonten ing ansambel, wontenipun piranti gender
panerus saged nambahi kasugihanipun gamelan.
Gender panerus kadamel sami kaliyan gender barung. Dados
upaminipun saplagren (sedaya gamelan jangkep), upaminipun gender barungipun
kadamel saking perunggu utawa gangsa, prayoginipun gender panerusipun ugi
bahanipun saking perunggu utawi gangsa. Gender panerus umumipun kadamel saking
wesi utawi tosan, kuningan, perunggu, lan gangsa. Gender panerus menika arang
sanget dipunginakaken ing kalanganipun paguyuban karawitan, awit pigunanipun
boten patia dipunbetahaken sanget, benten kaliyan gender barung utawi gender
babon. Menawi kita prangguli ing pagelaran wayang kulit utawi uyon-uyon, arang
sanget kita prangguli wontenipun Gender Panerus menika.
Sumber : http://jv.wikipedia.org/
Sumber : http://jv.wikipedia.org/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar