Halaman

Senin, 09 Desember 2013

Instrumen Gamelan 5



KENDHANG

Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.

Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)
1. Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
2. Kendhang wayangan
3. Kendhang batangan utawa ciblon
4. Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur

Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.

Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
- Dlong: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
- Dhah: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
- Thung: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
- Ket: swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
- Tong: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
- Tak: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
- Deng: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.

Notasi swara kendhang sing umum dienggo yaiku:
- Swara dlong diwakili simbol D
- Swara dhah diwakili simbol b
- Swara thung diwakili simbol p
- Swara ket diwakili simbol k
- Swara tong diwakili simbol o
- Swara tak diwakili simbol t
- Swara deng diwakili simbol B

1. Kendhang Gedhing
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane (kadhang disebut kendhang gedhe) ning tetep luwih cilik dibanding bedhug. Kendhang gendhing iki nduwe nada swara sing cendhak dhewe dibanding jinis kendhang liyane.
Neng kendhang satunggal, kendhang ageng iki ditabuh dhewe'an, yen neng kendhang kalih ditabuh bareng karo kendhang ketipung lan nganggo tempo cepet.
Swara kendhang ageng pada karo swara kendhang umume yaiku: dlong, dhah, thung, ket, tong lan tak. Masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.

2. Kendhang Wayangan
Kendhang wayangan utawa kendhang sabet iku kendhang sing nduwe ukuran sedeng, luwih cilik sithik dibanding kendang ageng ning luwih gede sithik dibanding ciblon lan uga nduwe nada swara luwih dhuwur dibanding kendhang ageng.
Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang
Swara kendhang wayangan pada karo swara kendhang umume lan masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.

3. Kendhang Batangan
Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedeng, luwih cilik sithik dibanding kendang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibanding kendhang ageng. Kendhang iki uga umum disebut ciblon.
Ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tarian.
Swara kendhang batangan pada karo swara kendhang umume lan masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.

4. Kendhang Ketipung
Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang sing cilik dhewe lan nduwe nada swara paling dhuwur dibanding kendhang liyane.
Kendhang iki biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
Swara ketipung iki pada karo swara kendhang umume lan masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar