BONANG
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh.
Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
1. Bonang barung
2. Bonang panerus
Ing jinis gamelan tinentu uga ana bonang panembung.
Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing
tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing rada empuk, wujude
dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk
kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku ditata dadi
rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana
sing 12.
Kethuk, kempyang, kenong lan bonang iki sejatine termasuk
jinis gong ning gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong
ageng, gong suwukan lan kempul.
1. Bonang Barung
Bonang Barung iku salah siji jenis bonang ing perangkat
gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang barung iku uga didokok langsung ing wilah
kayu lan diayun ing loro sisi ngisoré.
Ana 2 jinis bonang barung yaiku:
1. pélog
2. sléndro
Wujud bonang barung iki padha karo bonang liyané, ana
jendholan ing tengahé, ukurané luwih gedhé tinimbang bonang panerus. Tabuh
bonang barung padha karo tabuh bonang liyané, nanging ukurané luwih gedhé
tinimbang tabuhé bonang panerus.
2. Bonang Penerus
Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining
perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon.
Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang
barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana
14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya
ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran
gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn
barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga
padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet
ngaggo kain lan Pluntur.
Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo Bonang barung,
yaiku nganggo cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang, lan liya-liyane.
Bonang iki nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alur Gendhing kang
digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet
tinimbang Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo
mbukani gendhing.
Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing
kagawé saka Tembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih
murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora
nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané
yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi.
sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.
Sumber : http://jv.wikipedia.org/
Sumber : http://jv.wikipedia.org/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar