Sinau
saka Watake Semar
Sapa sing ora ngerti Semar? Kabeh mesthi
padha ngerti. Semar utawa Nayantaka
utawa Ismaya utawa Badranaya Janggan Asmarasanto utawa Juru Dyah Punto Prasanto
iku anggotane punakawan (Semar, Petruk, Gareng, lan Bagong).
Semar
sejatine dewa sing mudhun saka kahyangan amarga keserakahane dhewe. Biyen Semar
lan Togog rebutan tahta kahyangan banjur nganakake lomba mangan gunung. Togog
ngelen langsung gunung kuwi. Kasile, cangkeme Togog suwek lan matane dadi amba.
Yen Semar mangan gunung kuwi sithik-sithik, nanging tetep ora kasil. Gunung
kuwi ora bisa dimetokake saka weteng lan kasile wetenge Semar dadi gedhe.
Sanghyang Tunggal jengkel amarga ngerti keserakahane anake. Banjur Semar lan Togog
disot dadi manungsa lan dimetokake saka kahyangan.
Awit mudhun saka kahyangan, ora banjur
Semar nutugake keserakahane. Dheweke malah bisa ngrubah watake sing ala dadi
becik. Ing bumi, dheweke dadi wong cilik sing duweni watak adil, wicaksana,
seneng wenehi pitutur, apik karo sapa wae, lan mbela kebecikan.
setelah turun dari kayangan, semar tidak
mengeluarkan sifat serakah yang dimilikinya. Semar malah bisa merubah sikapnya
yang buruk menjadi baik. Di bumi, semar memiliki perawakan kecil dan berwatak
adil, bijaksana, suka memberikan nasihat, baik erhadap siapapun, dan selalu
membela kebaikan.
Semar wani karo sapa wae sanajan karo sing
pangkate luwih dhuwur, tengger dhewee bener. Misale kaya ing salah sawiji lakon
pewayangan, lakon Wahyu Purbakayun. Ing lakon iku Bethara Guru, panguwasa
kahyangan nggawe kesalahan. Bethara Guru wenehake wahyu purbakayun kanggo anake
dhewe sing sejatine duwe watak ala. Semar ngerti babagan kuwi, banjur Semar
jengkel lan ngesot Bethara Guru. Bethara Guru ngrasa salah banjur njaluk
ngampura marang Semar.
Ing crita pewayangan, Semar dadi
pamomonge para kesatria yen Togog dadi pamomonge para raksasa. Para kesatria
sing diemong dening Semar mesthi bisa ngalahake para raksasa sing diemong
Togog. Para ksatria iku simbole para pemimpin lan Semar dadi simbole rakyat
cilik. Dadi, yen para pemimpin utawa panguwasa gelem ngrungokake omongane
rakyat cilik utawa aspirasine rakyat cilik, negara sing dipimpin pasti dadi
negara sing maju lan sejahtera.
Wis samesthine para pemimpin ing
Indonesia gelem ngrungokake apa sing dikarepake rakyat cilik. Yen dadi pemimpin
aja serakah, aja mung nganggo egone dhewe-dhewe. Bethara Guru uga gelem ngakoni
kesalahane koq.
Pamarentah lan rakyat cilik kudu bisa
kerja sama. Pamarentah kudu ngayomi rakyat cilik lan rakyat cilik uga kudu
manut karo peraturane pamarentah. Kuwi sing dikarepake saka gambarane tokoh
pewayangan Semar. Apa Indonesia bisa kaya iku? Yen Indonesia tetep kaya ngene,
akeh pejabat sing korupsi, pamarentah ora gelem ngileng wong cilik, wong cilik ora gelem manut karo peraturan
perundang-undangan sing digawe pamarentah kayata nglakokake tindakan kriminal,
nganthi kapan wae Indonesia ora bakal maju.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar