- Pentil Asem jenenge Cempaluk
- Pentil Jagung jenenge Janten
- Pentil Jambe jenenge Blebar
- Pentil Jambu jenenge Karuk
- Pentil Kacang jenenge Besengut
- Pentil Krambil jenenge Bluluk, Cengkir, Degan
- Pentil Manggis jenenge Blibar
- Pentil Nangka Jenenge Babal, Gori
- Pentil Pelem jenenge Pencit
- Pentil Randu jenenge Plencing
- Pentil Semangka jenenge Planco
- Pentil So/Mlinjo jenenge Kroto
- Pentil Timun Jenenge Serit
Sabtu, 04 Januari 2014
Jenenge Pentil
Jenenge Wit
- Wit aren jenenge Ruyung
- Wit gedhang jenenge debog
- Wit jagung jenenge tebon
- Wit jambe jenenge pucang
- Wit kacang jenenge rendeng
- Wit kapuk jenenge randhu
- Wit krambil jenenge glugu
- Wit mlinjo jenenge so, bego
- Wit pari jenenge damen
- Wit pohong jenenge bonggol
- Wit pring enom jenenge bung
- Wit pring tuwo jenenge bungkilan
- Wit telo jenenge lung
Jenenge Godhong
- godhong aren jenenge dliring
- godhong asem jenenge sinom
- godhong cocor bebek jenenge tiba urip
- godhong dhadhap jenenge tawa
- godhong gedhang enom jenenge pupus
- godhong gedhang tuwa jenenge ujungan
- godhong gedhang garing jenenge klaras
- godhong gebang jenenge kajang
- godhong jambe jenenge pracat, dhedhel
- godhong jarak jenenge bledheg
- godhong jarak kebo jenenge lomah-lameh
- godhong jati jenenge jompong
- godhong kacang brol jenenge rendeng
- godhong kacang lanjaran jenenge lembayung
- godhong kates jenenge gampleng
- godhong kecipir jenenge cethethet
- godhong kelor jenenge limaran (sewu)
- godhong kemladheyan jenenge kumuda
- godhong kluwih jenenge kleyang
- godhong krambil enom jenenge janur
- godhong krambil tuwa jenenge blrak
- godhong lempuyang jenenge lirih
- godhong lombok jenenge sabrang
- godhong mlinjo jenenge eso
- godhong pari jenenge damen
- godhong pring jenenge elarmanyura
- godhong randhu jenenge baladewa (smarakandhi)
- godhong siwalan jenenge lontar
- godhong tales (kimpul) jenenge lumbu
- godhong tebu teles jenenge momol
- godhong tebu garing jenenge rapak
- godhong tela jenenge jlegor
- godhong turi jenenge pethuk
- godhong waluh jenenge lomah-lameh
- godhong widara putih jenenge trawas
- godhong wuni jenenge mojar
Kamis, 26 Desember 2013
Parikan
Parikan yaiku unen-unen rong perangan, kapisan kanggo pancadan
utawa pencokaning swara. Dene perangan kapindho mawa teges kang dikarepake.
Paugeran parikan:
1.
Cacahing
wanda ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
2.
Ukara
sing ngarep pinangka bebuka dene ukara sabanjure minangka isi.
3.
Tibaning
swara ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
4.
Saben
ukara kadadeyan saka rong gatra utawa patang gatra. Menawa 4 gatra / baris,
gatra sepisan padha kecape karo gatra katelu, gatra kapindho padha karo gatra
papat.
Tuladhane sing kadadeyan saka rong gatra (4 wanda + 4 wanda)
a.
Manuk
emprit, nucuk pari
Dadi murid, sing taberi
b.
Wajik
klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Tuladhane sing kadadeyan saka papat gatra (8 wanda+8 wanda)
a.
Yen
kembang kembang cempaka,
Dudu
kembang arum ndalu
Mumpung
sira isih mudha,
Pada
sregep ngudi ilmu
b.
Ngisor
godhong saponana,
Nata
wetu jejer sanga
Abot
entheng lakonana,
Golek
ilmu nganti purna
Kamis, 19 Desember 2013
Pandawa Lima
Pandawa iku ana 5 cacahe:
1. Puntadewa
Jeneng liyane : Yudhistira,
Dharmasuta (Putrane Dharma), Ajathasatru (ora duwe musuh), Bharata (keturunane
Maharaja Bharata).
Satriya ing : Amarta
Garwane : Drupadi
Sifate : Jujur, wicaksana,
ngalahan
Senjatane: Jimat Kalimasada
2. Werkudara
Jeneng liyane : Bimasena,
Brantasena, Bayusutha (Dewa Bayu/angin)
Satriya ing : Jodhipati
Garwane : Arimbi
Sifate : Wani, gampang nesu,
apikan/seneng tetulung, ora ngerti unggah-ungguh.
Senjatane : Gada Rujapala
3. Janaka
Jeneng liyane : Arjuna, Permadi,
Wijaya (ora tau kalah), Partha (putrane Kunti), Kirti, Dhananjaya.
Satriya ing : Madukara
Garwane : Sembadra, Srikandi
Sifate : ngerti sopan-santun,
welas asih.
Senjatane : Panah Pasopati, Aji
Sepi Angin, Keris Pulanggeni, Panah Sarutama.
4. Nakula
Satriya ing : Bumi Retawu
Sifate : Rajin, manut marang
kakang-kakang pendawa, setia, welas asih, bisa nyimpen rahasia.
Kaluwihane : Pinter ngobati
lelara, eling marang peristiwa-peristiwa kang kapungkur.
5. Sadewa
Satriya ing : Sawojajar
Sifate : Rajin, wicaksana, pinter
Kaluwihane : ahli perbintangan,
bisa weruh kang bakal kadadeyan.
JENENGE ANAK KEWAN
JENENGE ANAK KEWAN
- anak ampal - jenenge : embung
- anak angrang - jenenge : kroto
- anak asu - jenenge : kirik
- anak ayam (pitik) - jenenge : kuthuk
- anak babi - jenenge : gembluk
- anak bandeng - jenenge : nener
- anak bantheng - jenenge : wareng
- anak banyak - jenenge :
- anak baya - jenenge : rete
- anak bebek - jenenge : meri
- anak bethik - jenenge : menter
- anak blanak - jenenge : sendha
- anak brati - jenenge : tongki
- anak budheng - jenenge : kowe
- anak bulus - jenenge : ketul
- anak cacing - jenenge : lur
- anak cecak - jenenge : sawiyah
- anak celeng - jenenge : genjik
- anak coro - jenenge : mendhet
- anak dara - jenenge : piyik
- anak dhorang - jenenge : tamper
- anak emprit - jenenge : indhil
- anak gagak - jenenge : engkak
- anak gajah - jenenge : bledug
- anak gangsir - jenenge : clondho
- anak garangan - jenenge : rase
- anak garengpung - jenenge : drungkuk
- anak gemak - jenenge : drigul
- anak glathik - jenenge : cecrekan
- anak gundhik - jenenge : laron/rayap
- anak iwak - jenenge : beyong
- anak jangkrik - jenenge : gendholo
- anak jaran - jenenge : belo
- anak kadhal - jenenge : tobil
- anak kakap - jenenge : caplak
- anak kalajengking - jenenge : ketupa
- anak kancil - jenenge : kenthi
- anak kebo - jenenge : gudel
- anak kecapung - jenenge : jenthit
- anak kemangga - jenenge : ceriwi
- anak kepik - jenenge : mreki
- anak kidang - jenenge : kompreng
- anak kimar - jenenge : kedah
- anak kinjeng - jenenge : senggutru
- anak kinjeng dom - jenenge : undur-undur
- anak kintel - jenenge : kentus
- anak kethek - jenenge : munyuk/kenyung
- anak kodhok - jenenge : precil
- anak kombang - jenenge : engkuk
- anak konang - jenenge : endrak
- anak kremi - jenenge : racek
- anak kucing - jenenge : cemeng
- anak kul/keyong - jenenge : krikik
- anak kupu - jenenge : uler
- anak kura - jenenge : laos
- anak kuthuk - jenenge : kotesan
- anak kwangwung - jenenge : gendhot
- anak laler - jenenge : set/singgat
- anak lamuk - jenenge : jenthik
- anak lawa - jenenge : kampret
- anak lele - jenenge : jabrisan
- anak lemut - jenenge : uget-uget
- anak lintah - jenenge : pacet
- anak lisang - jenenge : beles
- anak lodan - jenenge : jengkelong
- anak lutung - jenenge : kenyung
- anak luwak - jenenge : kuwuk
- anak luwing - jenenge : gonggo
- anak macan - jenenge : gogor
- anak manuk - jenenge : piyik
- anak menjangan - jenenge : kompreng
- anak menthok - jenenge : minthi
- anak merak - jenenge : uncung
- anak nyamblik - jenenge : slira
- anak pe - jenenge : genyong
- anak pleting - jenenge : jaringan
- anak sapi - jenenge : pedhet
- anak sembilang - jenenge : lenger
- anak singa - jenenge : dibal
- anak tambra - jenenge : bokol
- anak tawon - jenenge : gana
- anak tekek - jenenge : celolo
- anak tikus - jenenge : cindhil
- anak tongkol - jenenge : cengkik
- anak tumo - jenenge : kor
- anak ula - jenenge : kisi/ucet
- anak urang - jenenge : grago
- anak wader - jenenge : sriwat
- anak wagal - jenenge : jendhil
- anak walang - jenenge : dhogol
- anak warak - jenenge : plenging
- anak wedhus - jenenge : cempe
- anak welut - jenenge : udhet
- anak yuyu - jenenge : beyes
Langganan:
Postingan (Atom)