Gathutkaca Lair
Kacariyos ing
kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden
Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih
punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten
tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta
sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna,
paranparaning kadang Pandhawa.
Prabu Kresna boten
kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu
dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal
dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden
Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata
Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna
enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing
margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening
Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados
pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden
Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing kasatriyan
Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit
ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna
lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara.
Pangandikahipun Sri
Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya.
Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang
ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi
dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi.
Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti
mandraguna.
Ing salajenganipun
Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking
praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala
Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen
Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah
dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.
Sesampunipun purna dados
srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan
Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden
Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara
Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar