Halaman

Kamis, 12 Desember 2013

Wahyu Purbakayun



Sinopsis Wayang
Lakon              : Wahyu Purbakayun
Dalang             : KI Anom Suroto dan KI Bayu Aji Pamungkas


Ing cariyosan Gareng, Petruk kaliyan Bagong sowan dateng bapa Semar. Sampunipun, Petruk nyuwun pirsa dateng bapa Semar  kados pundi piyambakipun saged dados pamong ingkang saged damel dadosaken rakyatipun sejahtera lan makmur. Dados pamong ingkang sae bapa Semar wonten kuncinipun, yaiku kudu remen sesrawungan kaliyan sinten kemawon, saged bangun kekuatan, kerukunan, lan ugi remen marang sarasehan utawa musyawarah kangge ngawujudaken mupakat. Sanesipun menika Semar ugi dawuh menawa Bathara Guru sampun nindakake bab ingkang kirang leres, kudu dielingaken kaliyan dileresaken yaiku babagan Wahyu Purba Kayun ingkang diparingaken dateng tiyang ingkang kirang pantes. Wahyu menika menawa sampun diparingaken dateng tiyang samestinipun saged dados setunggal wonten badan, ananging menawa wahyu menika salah anggene malah saged damel kerisakan.

Semar ngundang Hanoman menawa babagan menika kudu leresaken supados ngancani piyambakipun ngadep Bathara Guru wonten ing kahyangan Suralaya. Hanoman dipilih amarga Hanoman nggadahi wulu ingkang putih ingkang perlambangipun kesucian kaliyan saged nyumerepi laku ingkang jujur. Papan sanesipun Bathari Durga ngendika marang putranipun menawa dipunparingi Wahyu Purba Kayun saking Bathara Guru, satunggalipun putranipun menika Dewa Srani. Wahyu menika saged damel Dewa Srani nguwasani jagad uga ngalahaken Raden Janaka.

Cariyosipun, Bathara Guru ngakoni menawa Wahyu Purba Kayun menika dipunparingaken dateng Raden Janaka ananging dipunparingaken dateng Dewa Srani. Bathara Guru nindakaken mekaten amarga Dewi Srani kala rumiyin dereng dipunparingi wahyu, mula adhedhasar keadilan Dewi Srani dipunparingi Wahyu Purba Kayun dening Bathara Guru. Nanging miturut Semar Dewi Srani dipunparingi Wahyu Purba Kayun menika sanget lepat. Wahyu menika samestine manggen wonten badan utawa tiyang kang leres, dados saged nyatu kaliyan tiyang ingkang dipunparingi. Supaya saged dadosaken kesejahteraan dateng badanipun piyambak kaliyan rakyatipun. Mangertosi mekaten, Bathara Guru nyuwun pangapunten lajeng Wahyu Purba Kayun menika dipundhut saking Dewa Srani lan diwangsulaken dateng Raden Janaka ingkang sepantesipun. Bathara Guru disot dados Bathara Kala ingkang sejatosipun inggih menika garwanipun Bathari Durga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar