Prabu Partawijaya
Narendra
ing negara Trabelasuket ajejuluk Prabu Partawijaya. Bagus rupane karengga ing
busana, tur digdaya sekti mandra guna jayeng ngalaga, kinasihan ing Bathara.
Prabu Partawijaya beda kalawan ratu sabrang liyane, awit tansah nengenake
kautaman mahambeg berbudibawa laksana, tegese remen ngganjar marang kawulane,
tansah netepi panggandikane. Mula ora jeneng mokal Sang Prabu Partawijaya
diparinggi jodho putri turasing Dewi ingkang akekasih sang Padniwara Dewi Rati.
Sang
prabu Patrawijaya nggone palakrami lan Sang Padniwara Dewi Ratih tansah katon
rukun reruntungan, sepisan kewala tan natekarenggon dening ingkang rana Nata. Jroning sawarsa kewala wus kagungan putra. Sang Prabu
Partawijaya asring nganakake sesaji bebarengan lawan para Pandhita lan para
Brahmana, arupa asil wulu wetuning negara konjuk ing ngarsa Bathara, sarta
paring boga busana marang para kawulane, mahanani saya sengkut pangidhe pe marang ratu gustine.
Pinuju marang sanggar
pamujaan, katilik ana ganda arum wangi sarta ana sasmitaning Bathara. Negara
Trebelasuket bakal derbe kamulyan gedhe, nurunake darah ratu tanah Jawa.
Kalamun Prabu Partawijaya kersa maguru marang Pandhita ing Saptaarga kang
bebisik sang begawan Sekutrem. Mudhar anggone semedi, nanging tan karsa paring
pirsa marang garwa putra, apa dene para nayaka. Kaselak putri sekar kedhaton Dewi Sati monthah,
nyuwun supaya pasupenane dadi kasunyatan. Ketang tresnane mring siwi, sigra
miyos ing panti, santun busana keprajuritan arsa ngupadi Bambang Sakri Apratignya
tan kersa wangsul mring praja kalamun tan pinanggya. Kang ingupaya. Mula banjur
angetap angetap angetap angetap busanane, jejamange, matak Sampar Mega.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar