Kompetensi
Dasar : Berita tentang pengalaman
pribadi misalnya berkemah, bertamasya, perpisahan kelas atau pengalaman
lainnya.
Indikator : Menulis cerita
pengalaman pribadi dalam berbagai ragam bahasa jawa termasuk dialeg.
Kucing dikira
Asu
Sabubare latian
pramuka, aku lan kanca-kancakuku langsung balik, merga arep magrib.
Ing pinggir dalan aku lan kanca-kancaku carita bab latian pramuka
mau. Barang tekan ngarep toko, aku lan kancaku padha ndelengi karo mlaku
alon-alon amarga rada wedi jalaran ana asu ireng gedhe banget ing cedhak toko.
“Mengko tak jukut watu disit”, kandhaku.
“E... nyong tak mlayu ya”, omongane Yuli.
Kabeh was krasa wedi, sing mau mlaku nang pinggir dadi ngusel nang
tengah.
“ Daning meneng bae ya?”
“Ora njegog!”, kabeh padha penasaran amarga kewane meneng bae,
banjur padha mandheg nyawang. Bareng dimatekake temenanan jebul kucing.
“Kucing”, kabeh padha ngguyu kemekelan karo mlayu. Nganti tekan
umah aku mesem-mesem.
“Lha wong kucing meneng kok padha wedi”, kandhaku.
“Woalah katro”, sing liyane padha ngledeki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar