Halaman

Sabtu, 11 Januari 2014

IKLAN


Iklan nduweni teges ajak-ajak utawa celuk-celuk kang katindakake kanthi wola-wali. Lumrahe dibuwarakake (disebarluaskan) mawa media masa, kayata televisi, radio, film, layang kabar (koran), kalawarti(majalah), lan liya-liyane. Dene tujuwane wong utawa perusahaan masang nggiyarake iklan, yaiku kanggo menehi katrangan (informasi), ajak-ajak, nepungaken ngiras nawakake jasa utawa asil produksine marang wong akeh (masyarakat).
Iklan iku bisa kasebut komunikatif  menawa pesene utawa apa kang pengin disampekake bisa dimangerteni dening masyarakat umum. Pilihan tembung lan ukara kudu trep, ora njlimet lan gampang di mangerteni. Iklan uga biasane ana gambare.
Bab kang prelu digatekake sajroning iklan iku ana 2 maceme, yaiku
1. Surasa (isi) iklan :
  1. Kudu objektif lan jujur
  2. Singkat lan jelas
  3. Menarik
2. Basa iklan :
  1. Gampang ditampa utawa komunikatif
  2. Ukarane cekak lan cetha uga ndudut ati
  3. Gambare cetha, gampang dimangerteni, ndudut ati supaya wong kepengin mangerteni uga nyoba
  4. Isine nyata lan ora ngapusi
  5. Ngajak-ajak
Jenise iklan kaya ing ngisor iki: 
  1. Iklan kulawarga, yaiku ikang kang isine kanggo anggota kulawarga liyane.
  2. Iklan pengumuman, yaiku iklan kang ditujukake marang khalayak umum, bisa per wong, lembaga utawa instansi. 
  3. Iklan undangan, yaiku iklan sing isine undangan kanggo sawijining acara utawa kegiyatan.
  4. Iklan permintaan, yaiku iklan kang isine panjaluk marang khalayak umum mbuh kuwi per wong, lembaga utawa instansi.
  5. Iklan penawaran, yaiku iklan iku digawe dening wong utawa badan usaha kanggo nawarake asil produksine.
Lumrahe iklan iku dibiwarakake kanthi 3 cara, yaiku:
  1. Iklan radio : nggunakake suara kanggo iklane.
  2. Iklan medhiya cithak (cetak) : nggunakake gambar utawa tulisan kanggo iklane.
  3. Iklan tivi : nggunakake gambar, suwara lan tulisan kanggo iklane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar