Halaman

Sabtu, 11 Januari 2014

IKLAN


Iklan nduweni teges ajak-ajak utawa celuk-celuk kang katindakake kanthi wola-wali. Lumrahe dibuwarakake (disebarluaskan) mawa media masa, kayata televisi, radio, film, layang kabar (koran), kalawarti(majalah), lan liya-liyane. Dene tujuwane wong utawa perusahaan masang nggiyarake iklan, yaiku kanggo menehi katrangan (informasi), ajak-ajak, nepungaken ngiras nawakake jasa utawa asil produksine marang wong akeh (masyarakat).
Iklan iku bisa kasebut komunikatif  menawa pesene utawa apa kang pengin disampekake bisa dimangerteni dening masyarakat umum. Pilihan tembung lan ukara kudu trep, ora njlimet lan gampang di mangerteni. Iklan uga biasane ana gambare.
Bab kang prelu digatekake sajroning iklan iku ana 2 maceme, yaiku
1. Surasa (isi) iklan :
  1. Kudu objektif lan jujur
  2. Singkat lan jelas
  3. Menarik
2. Basa iklan :
  1. Gampang ditampa utawa komunikatif
  2. Ukarane cekak lan cetha uga ndudut ati
  3. Gambare cetha, gampang dimangerteni, ndudut ati supaya wong kepengin mangerteni uga nyoba
  4. Isine nyata lan ora ngapusi
  5. Ngajak-ajak
Jenise iklan kaya ing ngisor iki: 
  1. Iklan kulawarga, yaiku ikang kang isine kanggo anggota kulawarga liyane.
  2. Iklan pengumuman, yaiku iklan kang ditujukake marang khalayak umum, bisa per wong, lembaga utawa instansi. 
  3. Iklan undangan, yaiku iklan sing isine undangan kanggo sawijining acara utawa kegiyatan.
  4. Iklan permintaan, yaiku iklan kang isine panjaluk marang khalayak umum mbuh kuwi per wong, lembaga utawa instansi.
  5. Iklan penawaran, yaiku iklan iku digawe dening wong utawa badan usaha kanggo nawarake asil produksine.
Lumrahe iklan iku dibiwarakake kanthi 3 cara, yaiku:
  1. Iklan radio : nggunakake suara kanggo iklane.
  2. Iklan medhiya cithak (cetak) : nggunakake gambar utawa tulisan kanggo iklane.
  3. Iklan tivi : nggunakake gambar, suwara lan tulisan kanggo iklane.

Kamis, 09 Januari 2014

Membaca Pengalaman Pribadi


Kompetensi Dasar          : Berita tentang pengalaman pribadi misalnya berkemah, bertamasya, perpisahan kelas atau pengalaman lainnya.
Indikator                       : Menulis cerita pengalaman pribadi dalam berbagai ragam bahasa jawa termasuk dialeg.

Kucing dikira Asu
Sabubare latian pramuka, aku lan kanca-kancakuku langsung balik, merga arep magrib.
Ing pinggir dalan aku lan kanca-kancaku carita bab latian pramuka mau. Barang tekan ngarep toko, aku lan kancaku padha ndelengi karo mlaku alon-alon amarga rada wedi jalaran ana asu ireng gedhe banget ing cedhak toko.
“Mengko tak jukut watu disit”, kandhaku.
“E... nyong tak mlayu ya”, omongane Yuli.
Kabeh was krasa wedi, sing mau mlaku nang pinggir dadi ngusel nang tengah.
“ Daning meneng bae ya?”
“Ora njegog!”, kabeh padha penasaran amarga kewane meneng bae, banjur padha mandheg nyawang. Bareng dimatekake temenanan jebul kucing.
“Kucing”, kabeh padha ngguyu kemekelan karo mlayu. Nganti tekan umah aku mesem-mesem.
“Lha wong kucing meneng kok padha wedi”, kandhaku.
“Woalah katro”, sing liyane padha ngledeki.

MENYIMAK PAWARTA


Kompetensi Dasar          :           Menyimak berita radio berbahasa jawa.
Indikator              :           1. Menuliskan isi berita
                                       2. Memberi tanggapan terhadap berita yang didengar
                                       3. Menjawab pertanyaan bacaan/berita.

Miturut anggota DPRD kota Tegal, Turnya, Pemkot Tegal kudu bisa ningkatake katentreman wargane, nambah pengasilan masyarakat kanggo nyukupi kabutuhan kesehatan lan pendidikan, dipastekake bisa dicape.
Sawijining cara kang efektif yaiku gawe lapangan kerja sing akeh. Pemkot Tegal kudu bisa nggandeng para investor, gawe pabrik-pabrik sing bisa nampung tenaga kerja akeh. Mesthi wae baprik-pabrik mau kudu jumbuh karo potensi kota Tegal utawa wilayah sekitare.
Saliyane kuwi Turnya ngelingake bab pelayanan kesehatan supaya ana sistem utawa aturan sing transparan eben masyarakat sing oleh Askeskisupaya ana sistem utawa aturan sing transparan eben masyarakat sing oleh Askeskin, bener-bener keluwarga ora mampu utawa keluwarga miskin.
Yen kabeh mau sesuai program insya allah masyarakat Tegal bisa urip tata, titi, tentrem.
Dicuplik saka pawarta Radiyo Sebayu FM

LATIHAN SOAL
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.      Tulisan apa kang dadi bakuning pawarta?
2.      Kepriye tanggapanmu ngenani pawarta mau?
3.      Sapa sing gawe ada-ada Pemkot kota Tegal nggandheng investor ?
4.      Apa kang dielingake dening anggota DPR mau?
5.      Pawarta mau disiyarake ing ngendi?

Minggu, 05 Januari 2014

Jenenge Isi



  1. Isi Asem jenenge Klungsu
  2. Isi Cipir jenenge Botor
  3. Isi Duren jenenge Pongge
  4. Isi Jambe jenenge Jebug
  5. Isi Kapas jenenge Wuku
  6. Isi Kates jenenge Trempos
  7. Isi Kluwek jenenge Pocung
  8. Isi Kluweh jenenge Bethem
  9. Isi Kesambi jenenge Kecacil
  10. Isi Mlinjo jenenge Klantak
  11. Isi Nangka jenenge Beton
  12. Isi Pelem jenenge Pelok
  13. Isi Randhu jenenge Klenteng
  14. Isi Salak jenenge Kentos
  15. Isi Sawo jenenge Kecik
  16. Isi Semangka jenenge Kuwaci

Sabtu, 04 Januari 2014

Jenenge Woh



  1. Woh Aren jenenge Kolang - kaling
  2. Woh Bengkoang jenenge Besusu
  3. Woh Cengkeh jenenge Polong
  4. Woh Gebang jenenge Kranding
  5. Woh Gembili jenenge Katak
  6. Woh Jati jenenge Janggleng
  7. Woh Kantil jenenge Gandhek
  8. Woh Kelor jenenge Klentang
  9. Woh Kesambi jenenge Kecacil
  10. Woh Kuwek jenenge Pocung
  11. Woh Pandan eri jenenge Phandaga
  12. Woh So jenenge Mlinjo
  13. Woh Tal jenenge Siwalan
  14. Woh Turi jenenge Klentang
  15. Woh Uwi jenenge Katak
  16. Woh Widara Putih jenenge Anyang