Tembang Dhaerah kang Tinggal Kenangan
Bangsa Indonesia iki bangsa gedhe kang duwe werna-wernane suku, saka Sabang nganti Merauke. Saben daerah ing Indonesia duweni tradhisi kabudayan lan seni warisan saka para leluhure dhewe. Salah siji warisan kabudayane yaiku tembang dhaerah. Tembang-tembang dhaerah kuwi mujudake ciri kapribaden saka dhaerahe dhewe-dhewe. Ananging pranyatane saiki tembang dhaerah kuwi kaya wis mung ninggalake tapak tilas. Kena apa kok isa diomong kaya mangkana?
Jaman kuwi isa owah manut lakuning jaman, mula saiki lagi jamane tembang-tembang modern kang lagi pada disenengi. Bocah-bocah saiki uga kurang nyinaoni babagan tembang-tembang dhaerah. Sanadyan namung tembang, nanging tembang dhaerah kuwi uga kalebu warisan kabudayan saka leluhure dhewe. Kahanan jaman saiki wis miris, bocah-bocah cilik sing dingerteni lan diapal dudu tembang-tembang sing isa kanggo pasinaon, nanging malah sing diapal kuwi tembang-tembang modern kang durung wayahe bocah-bocah kuwi mau entuk. Bocah-bocah mau iku generasine dhewe, apa dadine yen bocah-bocah iki ora duwe rasa seneng marang tembang-tembang dhaerahe dhewe. Bocah-bocah ora pada ngerti yen ing Indonesia duweni akeh banget tembang-tembang dhaerah. Masyarakat uga pada ninggalake tembang-tembang dhaerah amarga menawane dheweke diluruhi dadi wong sing ketinggalan jaman, ora ngerti kahanan jaman kang lagi modern. Tembang-tembang modern durung mesthi duweni nile-nile sing becik kanggo lakuning urip. Beda karo tembang dhaerah kang duweni nile pekerti luhur sing bisa dilakokake ana ing urip.
Kurange pasinaon marang warisan-warisan budaya iki ndadekake tembang-tembang dhaerah mung dadi kenangan. Mula ta, ora gumun yen tembang dhaerah kang asli saka Indonesia ana sing diakoni olehe bangsa liya, ya kuwi mergane dhewe kurang pasinaon marang apa wae warisan sing dhewe duwe. Mengko yen tembange ana sing diakoni, dhewe nembe pada geger yen kuwi duweke dhewe. Mula wiwit saiki, bocah-bocah awit isih cilik disinaoni tembang-tembang dhaerah kanggo nguri-uri tembang-tembang dhaerah mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar