Suwara
Kuwi
“Hana,
kowe ora garap PR maneh?”
Suwara
kuwi esih kelingan ning pikirane Hana Susanto awit sepuluh taun biyen nganti
saiki, nganti Hana wis dadi mahasiswa.
Suwara
kuwi mesti krungu ning kupinge Hana, suwara sing beda karo suwara-suwara
liyane, suwara sing gawe Hana tetep mangkat sekolah. Ya, sepuluh taun biyen Hana
esih SD, esih dadi bocah sekolah kelas 4 umur 10 taun, bocah sing paling sering
ora garap PR, lan mesti dikon metu karo gurune kanggo gapar PR ning jaba.
Nganti
sawijining dina, sing duwe suwara kuwi mau metu saka kelas kanggo ngewangi
garap PR Hana. Ya hasile mesti bocah loro kuwi dihukum dikon nyapu kelas sawise
pelajaran rampung. Sing duwe suwara iki mau pancen aneh, Hani jenenge.
***
“Hana,
PR-ku durung tak garap, aku karo kowe bebarengan ning jaba kelas saiki, hahaha”.
Saiki Hani dadi bodho merga sengaja ora garap
PR, lan saiki malah dadi tolol merga ngejak Hana dolan layangan tinimbang mlebu
sekolah dina kuwi. Layangan pancen duwe cerita dhewe ning unggal mili benange,
kaya Hani sing tiba ning got sawah lagi dheweke dolanan. Hana sing nyoba
nulungi malah melu tiba ning kana, lan akhire cah loro kuwi mau padha-padha
guyu cekakakan.
“Hani
katon ayu nek lagi guyu kaya ngana kuwi.” Jare Hana ning jero atine.
Awit
dina kuwi, Hana ora tau dikon metu ning jaba kelas merga ora garap PR. Sebabe
Hani sing terus ngewangi garap PR Hana, Hani kuwi bocah wadon sing pinter,
apikan, lan pancen seneng nulis. Dheweke remen nulis ning kertas buku cilik pas
lagi garap PR bareng karo Hana, tapi nek Hana takon nulis apa lang kanggo sapa,
wangsulane Hani mesti “kanggo wong sing paling ditresnani karo aku, wong sing
senasib karo aku.”
Kadangkala
Hani ngobrol karo si mbah Hana pas Hana lagi sibuk garap PR. Si Mbah kuwi wis Hani
anggep kaya simbahe dhewe. Hani uga remen ngewangi simbah nyapu latar omah.
Sak
wise garap PR, Hani mesti jaluk upah ning Hana, nanging upahe dudu duit sing
dijaluk Hani, nanging ngejak Hana dolan ning Lapangan. Lapangan pancen dadi panggonan
sing paling disenengi, panggonan sing akeh kupu-kupune. Hani kuwi seneng
kupu-kupu karo layangan. Jarene, kupu-kupu kuwi kewan sing paling duwe akeh
makna.
Tekan
kana, Hana karo Hani langsung golek kupu-kupu. Hani paling seneng kupu-kupu
sing wernane ungu.
“Hana, deloken apa iki sing tak
cekel aku. Kupu-kupu ungu, kupu-kupu sing paling tak senengi aku.”
“Apik
tenan Ni. Arep digawe apa kupu-kupu kuwi?”
“arep
tak gawa mulih, ben bisa tak delok terus.” Wangsulan Hani pisan nyekel
kupu-kupu kuwi mau
“loh
ko digawa mulih? Kan alam kuwi panggonan asline?”
“aku
kan wis kandha, aku seneng karo kupu-kupu iki.”
“ora,
Ni. Kuwi dudu seneng jenenge, nek seneng iki kowe ora bakal tega nek kupu-kupu
kuwi digawa mulih ning omah, kuwi jenenge nyiksa, mesakake. Kupu-kupu kuwi
luwih seneng mabur ning alam bebas.”
“nanging,
aku janji arep tak rawat kupu-kupu kuwi.” Wangsulan Hani
“nganthi
kapan kowe bisa ngerawat kupu-kupu kuwi? Nek pancen seneng, maburke wae, ben kupu-kupu
kuwi wae sing ngerawat awake dhewe. Seneng iki ora mesti duweni Hani.”
Akhire
Hani manut karo Hana, teras kupu-kupu kuwi dimaburke ning alam bebas.
***
Kuwi
sing sering dilakoni Hana karo Hani nganti kelas 6, nganti sawijining dina, sakwise
dolan ning lapangan kuwi, bengine Hana karo simbahe mara menyang terminal merga
Hana arep pindah ning Semarang merga Hana arep sekolah SMP ning kana. Hana kuwi
diasuh dening simbahe awit umur rong taun, Hana ora ngerti wong tuwane ning
endi, sing Hana ngerti mung asmanipun yaiku Bapa Susanto lan Ibu Wiwit Rahmawati.
Pamitan?
Kuwi sing kudune dilakoni Hana ningHani, wong sing wis ngubah awake. Saminggu
sakwise Hana lunga, ngalamun dadi kegiatan anyar Hani, apa salahe Hani nganti Hana
ora pamit karo aku.
“apa
iki pesan Hana wingi lagi golek kupu-kupu?”
“Nek
pancen seneng, maburke wae, ben kupu-kupu kuwi wae sing ngerawat awake dhewe.
Seneng iki ora mesti duweni.”
“lan
kenapa kanggo matur sugeng pamanggih maneh wae Hana ora gelem? Apa Hana wis
weruh nek aku iki.......?”
Pitakonan
kaya kuwi sing terus wae dipikir dening Hani. Pitakon sing kudune ora perlu
ditakonke wis ngerti wangsulanane.
***
Dina
iki ana pameran buku ning kampuse Hana, buku saiki dadi barang sing paling
disenengi karo Hana awit kuliyah. Hana ugi wis nyiapke duit kanggo tuku buku
sing disenengi dheweke. Nganti lali wis suwe muter-muter ning pameran buku
kuwi, untung wae dina iki kuliyahe Hana kosong, dadi bisa sapuase muter-muter
pameran buku kuwi. Nganti ana siji buku sing Hana senengi. Terus Hana menyang
kasir kanggo bayar buku kuwi, judul bukune kuwi “Temukan Separuh Hatimu Hari
Ini” buku kuwi dituku Hana nganggo duit seket ewunan loro. Sakwise tuku buku, Hana
langsung maca buku kuwi ning bangku sing ana ing cedak pameran buku kuwi mau, .
"Separuh Hati di SD," Bab awal niang buku kuwi. Tembe mung
sedelok maca buku kuwi nanging ana sing deloki Hana sing kadohan nyambi
ngundang dheweke.
“Hana?
panjenengan Hana to?” jare wong kuwi mau.
Hana
bingung, nanging ning pikirane Hana kaya wis tau ketemu karo bocah kuwi.
“Han-Haniiii?”
“Hana?”
“Hani?”
“Iya,
menika kulaHani kanca SD mu.”
“Loh,
panjenengan ning Semarang to saiki?”
“Iya,
Kok panjenengan boten ngabari? panjenengan kok boten dolan Brebes maneh? Kenapa
panjenengan ora pamit lagi arep tindak Semarang biyen? Kenapa?”
Pitakonan
Hani kaya suwara klakson bis ning dalan lagi kena macet sing dipencet ping
akeh.
Hana
ora bisa mangsuli pitakonane Hani mau. Akhire Hana nylimur
“kados
pundi pawartane Hani?” takon Hana
“Alhamdulillah,
sae Na. Panjenengan kados pundi?” Hani bales takon
“Alhamdulillah
sae.” Wangsulan Hana
“Eh,
panjenengan tuku bukuku toh?”
“Buku
panjenengan?” Hana dadi bingung.
“Iya
bukuku, jajal panjenengan waos sing nulis buku kuwi sinten?”
“Ha-ni
Rah-ma-wa-ti, Hani Rahmawati? Lah ternyata panjenengan sing damel buku iki?”
“Iya,”
Hani mesem
“Wah
hebat ya panjenengan, wis nerbitke buku.”
“Kuwi
namung catatan harianku kok, aku kirim ning penerbit, dilalah penerbite
kuwi seneng akhire dadi buku. hahaha” Hani guyu
“Waah,
buku iki kayane pas kanggo ceritane dhewek ya, apa maneh bab sing pertama “separuh
hati di SD” iya toh, Ni?”
“Iya
ya, Na. Haha” Hani guyu.
Hana
ngongkon Hani lungguh ning pinggire, terus ngobrol nganti sore. Hana karo Hani
ngobrol ngalor ngidul, awit cerita lagi SMP, terus SMA, kabare bu guru sing
biasa ngongkon metu ning kelas, apa lapangane esih ana apa wis dadi pabrik, apa
esih ana bocah sing dolanan layangan kaya biyen Hana karo Hani, nganti Hana
takon menyang Hani, sabenere cah lanang sapa sing ana ning buku kuwi, kaya sing
ana ning bab siji, kayane pancen spesial kanggo Hani.
“Oh
iya Ni, cah lanang sing ana ning buku iki sapa sih?”
Nanging
Hani meneng wae.
“Ni,
Hani?” Suwara Hana ora bisa nyadarke bengongane Hani.
Suasana
hening sing ana nganti Hani mangsuli pitakonan Hana kuwi.
“Kuwi
kowe Na, iya kuwi kowe.”
“Maksude?”
Hana kaget krungu wangsulanane Hani.
“Iya
kuwi sing ana ning buku kuwi kowe Na, kowe iki adhiku, kowe putra saka Bapa Susanto
lan Ibu Wiwit Rahmawati.”
Nanging
Hana tetep ora percaya karo sing diomongke Hani.
“Hana,
aku ora ngapusi Na, kowe kuwi pancen adhiku, delok namamu karo aku, Hana, Hani,
mirip toh? Delok nama pungkasane aku, karo asmanipun pungkasan Ibu, Rahmawati
padha toh?”
“Tapi,
tapi Ni?”
Lah
kowe perlu bukti apa maneh? Kowe kelingan ora lagi biyen lagi aku bantu kowe
garap PR, terus aku nulis? Pas kowe takon tulisan kuwi kanggo sapa aku mesti wangsulan
“kanggo, wong sing paling aku tresnani lan sing senasib karo aku.” Hana, kuwi kowe
Na, kowe adhiku. Ayo saiki ning omahmu, ketemu karo simbah, layang kuwi di gawa
simbah. Simbah tak titipke layang saka aku, kanggo kowe nek kowe wis gedhe.
Hana
langsung ngejak Hani menyang omahe ketemu karo simbahe.
***
Simbah
lagi lungguh wonten arep omah.
“Mbah,
layang ingkang kula titipake wonten?”
“Kowe
Hani?”
“Inggih
mbah, kula Hani ingkang dekben nitipake layang
menyang simbah.”
“Kowe
nambah ayu ya ndok, simbah nganti ora bisa kelingan karo kowe.”
“Inggih
mbah, suwun. Samenika seratipun wonten pundi mbah?”
“Layang
sing biyen kuwi? Simbah lali nyimpene ning endi. Sedelok ya tak golek sik
sedelat. Kayane ning kotak iki.”
Ora
suwe layange ketemu.
“Na
maca layange, iki layang sing biyen tak titipke ning simbah, sing nulis layange
iki aku.”
Hana
maca layang kuwi.
“kanggo
Hana adhiku sing tak tresnani....
“Hana,
sinau sing rajin ya,aja nganti dikon metu saka kelas maneh.
Kowe
kelingan ora Na, biyen lagi mbak mlebu got? Kuwi mbak lagi doa supaya mengko
ana waktu sing pas kanggo manehi weruh nek kowe kao aku iki seduluran
Mbak
weruh nek dhewek iki sedulur saka Ibu Sofiah, Ibu panti asuhan Cinta Negri,
biyen ana Bapa karo Ibu nitipke aku karo kowe ning kana. Lagi umur kowe rong
taun, kowe diadopsi karo simbah. Lan saminggu sakwise mbak sing diadopsi karo
tanggane simbah.
Kowe
ngerti ora rasane diundang “mbak” karo adhimu dhewe?
Undang
aku mbak, Hana.
Brebes,
14 September 2001
Hani
Rahmawati.”
***
Sakwise
maca layang kuwi Hana nangis, eluhe metu saka mripate, terus metu suwara saka
tutuke lirih.
“Mbakyu.”
Suwara Hana lirih.
Lan
Hani ugi ora kuwat nahan eluhe sakwise krungu Hana ngucap kuwi.
Akhire
suwara sing biyen krungu maneh, suwara sing ora bakalan dilaliake Hana.
“Hana,
kowe ora garap PR maneh?”Hani nyobi ngelingaken Hana soal suwara kuwi sing
sering krungu ning kupinge Hana
“hahaha,”
Hana guyu krungu kuwi metu sing tutuke Hani,
Cah
loro kuwi mau sikepan lan Hana ngomong
“Mbak,
ngluru Bapa kaliyan Ibu sesarengan nggih.”
“Iya
dek, sing penting bareng-bareng karo kowe dek mbak gelem kok.”
--- The End---
Tidak ada komentar:
Posting Komentar