Halaman

Kamis, 26 Desember 2013

Parikan



Parikan yaiku unen-unen rong perangan, kapisan kanggo pancadan utawa pencokaning swara. Dene perangan kapindho mawa teges kang dikarepake.
Paugeran parikan:
1.      Cacahing wanda ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
2.      Ukara sing ngarep pinangka bebuka dene ukara sabanjure minangka isi.
3.      Tibaning swara ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
4.      Saben ukara kadadeyan saka rong gatra utawa patang gatra. Menawa 4 gatra / baris, gatra sepisan padha kecape karo gatra katelu, gatra kapindho padha karo gatra papat.
Tuladhane sing kadadeyan saka rong gatra (4 wanda + 4 wanda)
a.       Manuk emprit, nucuk pari
Dadi murid, sing taberi
b.      Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Tuladhane sing kadadeyan saka papat gatra (8 wanda+8 wanda)
a.       Yen kembang kembang cempaka,
Dudu kembang arum ndalu
Mumpung sira isih mudha,
Pada sregep ngudi ilmu
b.      Ngisor godhong saponana,
Nata wetu jejer sanga
Abot entheng lakonana,
Golek ilmu nganti purna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar