Pandawa iku ana 5 cacahe:
1. Puntadewa
Jeneng liyane : Yudhistira,
Dharmasuta (Putrane Dharma), Ajathasatru (ora duwe musuh), Bharata (keturunane
Maharaja Bharata).
Satriya ing : Amarta
Garwane : Drupadi
Sifate : Jujur, wicaksana,
ngalahan
Senjatane: Jimat Kalimasada
2. Werkudara
Jeneng liyane : Bimasena,
Brantasena, Bayusutha (Dewa Bayu/angin)
Satriya ing : Jodhipati
Garwane : Arimbi
Sifate : Wani, gampang nesu,
apikan/seneng tetulung, ora ngerti unggah-ungguh.
Senjatane : Gada Rujapala
3. Janaka
Jeneng liyane : Arjuna, Permadi,
Wijaya (ora tau kalah), Partha (putrane Kunti), Kirti, Dhananjaya.
Satriya ing : Madukara
Garwane : Sembadra, Srikandi
Sifate : ngerti sopan-santun,
welas asih.
Senjatane : Panah Pasopati, Aji
Sepi Angin, Keris Pulanggeni, Panah Sarutama.
4. Nakula
Satriya ing : Bumi Retawu
Sifate : Rajin, manut marang
kakang-kakang pendawa, setia, welas asih, bisa nyimpen rahasia.
Kaluwihane : Pinter ngobati
lelara, eling marang peristiwa-peristiwa kang kapungkur.
5. Sadewa
Satriya ing : Sawojajar
Sifate : Rajin, wicaksana, pinter
Kaluwihane : ahli perbintangan,
bisa weruh kang bakal kadadeyan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar