Parikan yaiku unen-unen rong perangan, kapisan kanggo pancadan
utawa pencokaning swara. Dene perangan kapindho mawa teges kang dikarepake.
Paugeran parikan:
1.
Cacahing
wanda ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
2.
Ukara
sing ngarep pinangka bebuka dene ukara sabanjure minangka isi.
3.
Tibaning
swara ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
4.
Saben
ukara kadadeyan saka rong gatra utawa patang gatra. Menawa 4 gatra / baris,
gatra sepisan padha kecape karo gatra katelu, gatra kapindho padha karo gatra
papat.
Tuladhane sing kadadeyan saka rong gatra (4 wanda + 4 wanda)
a.
Manuk
emprit, nucuk pari
Dadi murid, sing taberi
b.
Wajik
klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Tuladhane sing kadadeyan saka papat gatra (8 wanda+8 wanda)
a.
Yen
kembang kembang cempaka,
Dudu
kembang arum ndalu
Mumpung
sira isih mudha,
Pada
sregep ngudi ilmu
b.
Ngisor
godhong saponana,
Nata
wetu jejer sanga
Abot
entheng lakonana,
Golek
ilmu nganti purna