Halaman

Kamis, 12 Desember 2013

Kekancan



Kekancan




aku milih kowe ora perlu taunan
namung samenit

ning ruangan cilik iki, aku karo kowe salaman
awit kuwi aku ngerti,
aku salaman karo calon wong gedhe,

aku percaya, merga ucapanmu kuwi
aku percaya, merga tumindhakmu kuwi
aku percaya, merga aku percaya

kowe panutan kanggo aku
kowe inspirasi kanggo aku,

merga kowe luwih saka kanca,
merga kowe wis aku anggep kulawarga
merga kowe kekancanku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar