Halaman

Jumat, 06 Desember 2013

Geguritan : Bandungan

BANDUNGAN

Bandungan . . .

Esemmu, ah esemmu
Ngujiwat, nyasapi sadawaning laku
Nganti ati lan ati pada kelayu
Ngluru apa kang bisa didulu lan diburu
Prawan ayu sumadya katuku
Larasati, adol lipuring kalbu.

Bandungan . . .
Sumiliring angin gunung, sumingrah
Aweh prasapa marang kang pada teka
Para banda kalungan hawa
Lan penyair sangu graita.
Bandungan, ah bandungan
Lumerahing tlaga ing rawa pening
Iku kedep pepeling,
Yen urip iki, Kaya roda gumuling.





Geguritan karya,
M. Tajib Moerjanto
Jaya baya No. 9, Oktober 1974

Tidak ada komentar:

Posting Komentar